Kuncung

Cilikanku rambutku dicukur kuncung
Kathokku saka karung gandum
Klambiku warisane mbah kakung
Sarapanku sambel korek sega jagung
Kosokan watu neng kali nyemplung neng kedung(byur...)
jaman biyen durung ungsum sabun
(pabrike rung dibangun)
andukku cukup mung anduk sarung
dolananku montor cilik seko lempung

(bis kolobis kunthul baris
gek kere ra uwis uwis
bis kolobis kunthul baris
gek kere ra uwis uwis

tanggal limolas padhang njingglang bulane bunder (seser)
aku dikudang besok yen gede dadi dokter
tanggal limolas padhang njingglang bulane bunder (bunder)
bareng wis gede aku disuntik karo bu dokter

(hanacaraka) iki cerita
(datasawala) jaman semana
(dijajah landha)urip rekasa
(saiki merdhika)yo do golek mulyo

kosokan watu neng kali
nyemplung neng kedhung (byur)
jaman biyen durung ungsum sabun
(pabrike rung dibangun)
andukku cukup mung anduk sarung
dolananku montor cilik seko lempung

(bis kolobis kunthul baris)gek kere ra wis wis
(bis kolobis kunthul baris)
gek kere ra uwis uwiiiisssss

tanggal limolas padhang njingglang bulane bunder (seser)
aku dikudang besok yen gede dadi dokter
tanggal limolas padhang njingglang bulane bunder (bunder)
bareng wis gedhe aku disuntik karo bu dokter
(hanacaraka)iki cerita
(datasawala) jaman semana
(dijajah landha) urip rekasa
(saiki merdhika) yo do golek mulyo



Credits
Writer(s): Didik Prasetyo
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link