Awu Merapi

Neng ngendi kudu lungo
Nggoleki kenyo sing tak tresno?
Naliko putih ing awu tibo
Tilas lakumu, soyo ora ketoro

Neng ngendi kudu mlaku
Nuruti karep ing atiku?
Tak gegem gegayuhan lan impenku
Senajan abot sikilku tak nggo lumaku

Mowo sing abang ing pucuk Merapi
Udan awu seprene sing dadi seksi
Setu Pahing sing dadi pangeling-eling
Eling sliramu naliko tak sanding

Uwes sewindu aku nggoleki sliramu
Rino wengi ora ketemu
Neng ngendi papan lan dunungmu?
Yen ketemu ebo bungah ing atiku

Neng ngendi kudu mlaku
Nuruti karep ing atiku?
Tak gegem gegayuhan lan impenku
Senajan abot sikilku tak nggo lumaku

Mowo sing abang ing pucuk Merapi
Udan awu seprene sing dadi seksi
Setu Pahing sing dadi pangeling-eling
Eling sliramu naliko tak sanding

Uwes sewindu aku nggoleki sliramu
Rino wengi ora ketemu
Neng ngendi papan lan dunungmu?
Yen ketemu ebo bungah ing atiku

Yen ketemu ebo bungah ing atiku



Credits
Writer(s): Yunianto Panca Nugroho
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link