Ojo Lamis

Ojo sok gampang janji, wong-wong manis
Yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo, nimas
Ora agawe cuwo

Tansah ngugemi janjimu wingi
Jebul amung lamis
Koyo ngenteni thukule jamur
Ing mongso ketigo

Aku iki prasasat loro
Tan antuk jampi
Mbok ojo amung lamis
Kang uwis dadine amung dhidhis

Akeh tulodho kang demen cidro
Uripe rekoso
Milih sawiji, endi kang suci
Tanggung bisa mukti

Ojo sok gampang janji, wong-wong manis
Yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo, nimas
Ora agawe cuwo

Tansah ngugemi janjimu wingi
Jebul amung lamis
Koyo ngenteni thukule jamur
Ing mongso ketigo

Aku iki prasasat loro
Tan antuk jampi
Mbok ojo amung lamis
Kang uwis dadine amung dhidhis

Akeh tulodho kang demen cidro
Uripe rekoso
Milih sawiji, endi kang suci
Tanggung bisa mukti



Credits
Writer(s): Jujuk Eksa
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link