Yen Ing Tawang

Yen ing tawang ono lintang, cah ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mego ing angkoso, nimas
Sun takokne pawartamu

Janji-janji aku eling, cah ayu
Sumedhot rasaning ati
Lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas
Tresnaku sundhul wiyati

Dek semono
Janjiku disekseni
Mego kartiko
Kairing roso tresno asih

Yen ing tawang ono lintang, cah manis
Rungokno tangising ati
Binarung swaraning ratri, nimas
Ngenteni mbulan ndadari

Dek semono
Janjiku disekseni
Mego kartiko
Kairing roso tresno asih

Yen ing tawang ono lintang, cah manis
Rungokno tangising ati
Binarung swaraning ratri, nimas
Ngenteni mbulan ndadari



Credits
Writer(s): Andjar Any
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link