Manise Asmoro

Neng alam ndunyo sumebyar wernane tresno,
Ora kuoso goyah kukuh setyaku.
Kangen ngliputi wayah rino lan wengi,
Cedhak andum katresnan lamon adoh tansah kelingan.

Neng ati iki mung sliramu tak tresnani,
Nguwasani roso ra sewates jroning dodo.
Tansah memuji nyuwun palilahe Gusti,
Tresnamu tresnaku biso nyawiji selawase.

Naliko sliramu ngekep aku neng dodo,
Bingung seneng sedih lebur dadi roso tresno.
Merdeko lan mabur nembus wates swargone dunyo,
Manjing jroning taman nyecep manis madune kembang asmoro.

ye. he... he... hee
ha... ha... ha... haa

Manjing jroning taman nyecep manis madune kembang asmoro

Credits
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link