Banyu Langit

(Ha-ah)
(Ha-ah-ah)

Swara angin, angin sing ngeridhu ati.
Ngelingake sliramu sing tak tresnani
Pingin nangis ngetoke eluh neng pipi
Suwe ra weruh, senadyan mung ana mimpi

Ngalema, ngalem neng dhadhaku
Tambanana rasa kangen neng atiku
Ngalema, ngalema neng aku
Ben ra adhem kesiram udane dalu

Banyu langit sing ana dhuwur kayangan
Watu gedhe kalingan mendhunge udan
Telesana atine wong seng kasmaran
Setya janji, seprene tansah kelingan (ha-ah)

Adheme Gunung Merapi Purba
Melu krungu swaramu ngomongke apa
Adheme Gunung Merapi Purba
Sing neng Nglanggeran, Wonosari, Jogjakarta

(Ha-ah)
Hm-hm-hm, hm-hm (ha-ah)
(Ha-ah-ah)
Hm-hm-hm

Janjine, lungane ra nganti suwe-suwe (ha-ah)
Pamit isuk, lungane ra nganti sore
Janjine, lungane ra nganti semene suwene (ha-ah)
Nganti kapan tak enteni sak tekane

Udan gerimis telesana klambi iki
Jroning dhadha ben ra garing netep janji
Ora lamis gedhene nggonku nresnani
Nganti kapan aku ora biso bali

Adheme Gunung Merapi Purba (ha-ah)
Melu krungu swaramu ngomongke apa (ha-ah)
Adheme Gunung Merapi Purba (ha-ah)
Sing neng Nglanggeran, Wonosari, Jogjakarta

Janjine, lungane ra nganti suwe-suwe (ha-ah)
Pamit isuk, lungane ra nganti sore
Janjine, lungane ra nganti semene suwene (ha-ah)
Nganti kapan tak enteni sak tekane



Credits
Writer(s): Didik Prasetyo
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link