Nyidamsari

Umpomo sliramu sekar melati
Aku kumbang nyidam sari
Umpomo sliramu margi wong manis
Aku kang bakal ngliwati

Sineksen lintange luku semono
Janji prasetyaning ati
Tansah kumantil ning netro rinoso
Karoso rasaning nggriyo

Midero sak jagat royo
Kalingono wukir lan samudro
Ora ilang memanise, aduh
Dadi ati selawase

Nalika niro ing ndalu atiku
Lam-lamen siro wong ayu
Nganti mati, ora bakal lali
Lha kae, lintange mlaku

Midero sak jagat royo
Kalingono wukir lan samudro
Ora ilang memanise, aduh
Dadi ati selawase

Nalika niro ing ndalu atiku
Lam-lamen siro wong ayu
Nganti mati, ora bakal lali
Lha kae, lintange mlaku



Credits
Writer(s): Anjar Any
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link