Banyu Langit (Ji Ro Lu Pat)

He-ya

Sworo angin, angin sing ngreridu ati
Ngelingake sliramu sing tak tresnani
Pengen nangis ngetokke eluh neng pipi
Suwe ra weruh senajan mung ono ngimpi

Ngalemo, ngalem neng dadaku
Tambanono roso kangen neng atiku
Ngalemo ngalemo neng aku
Ben ra adem kesiram udan ning dhalu (ji, ro, lu, pat)

Banyu langit sing ono nduwur kayangan
Watu gede kalingan mendunge udan
Telesono atine wong sing kasmaran
Setyo janji seprene tansah kelingan

Ademe gunung merapi purba
Melu krungu suaramu ngomongke opo
Ademe gunung merapi purba
Sing neng langgran Wonosari Yogjokarto

Janjine lungane ra nganti suwe suwe
Pamit esuk lungane ranganti sore
Janjine lungo ranganti semene suwene
Nganti kapan tak enteni sak tekane

Udan grimis telesono klambi iki
Jroning dodo ben ra garing ngekep janji
Ora lamis gedene nggonku nresnani
Nganti kapan aku ora biso lali

Ademe gunung merapi purba
Melu krungu suaramu ngomongke opo
Ademe gunung merapi purba
Sing neng langgran Wonosari Yogjokarto

Janjine lungane ra nganti suwe suwe
Pamit esuk lungane ra nganti sore
Janjine lungo ra nganti semene suwene
Nganti kapan tak enteni sak tekane



Credits
Writer(s): Didik Prasetyo
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link