Kidung Wahyu Kolosebo - Collab Version

Rumeksa ingsun
Laku nista ngaya wara
Kelawan mekak hawa
Hawa kang dur angkara

Senajan setan gentayangan
Tansah nggawe rubeda
Hingga pupusing jaman

Hameteg ingsun
Nyirep geni, wisa, murka
Meper hardaning panca
Saben ulesing netra

Linambaran sih kawelasan
Ingkang paring kamulyan
Sang Hyang Jati Pengeran

Jiwangga kalbu
Samudra pepuntoning laku
Tumuju dhateng Gusti
Dzat Kang Amurba Dumadi

Manunggaling kawula Gusti
Krenteg ati bakal dumadi
Mukti ingsun tanpa piranti

Sumebyar ing sukma
Madu sarining perwita
Maneka warna prada
Mbangun praja sampurna

Sengkala tida muksa
Kalabendhu nyata sirna
Tiyasing rasa mardika

Mugiya den sedya
Pusaka Kalimasada
Yekti dadi mustika
Sakjroning jiwa-raga

Beja, mulya, waskita
Digdaya bawa leksana
Byar manjing sigra-sigra

Ampuh, sepuh, wutuh
Tan kena isa paneluh
Gagah, bungah sumringah
Ndhadhar ing wayah-wayah

Satriya tata sembada
Wiratama katon sewu kartika
Ketaman wahyu kalaseba

Memuji ingsun
Kanthi suwita linuhung
Segara ganda arum
Swuh rep dupa kumelun

Ginulah niyat ingsun
Hangidung sabda kang luhur
Titahing Sang Hyang Agung

Rembesing tresna
Tandha luhing netra rasa
Rasa-rasaning ati
Kadya tirta kang suci

Kawistara japa mantra
Kondhang dadi pepadhang
Palilahing Sang Hyang Wenang

Nawa dewa jawata
Tali santika bawana
Prasida sidhikara
Ing sasana asmaralaya

Sri Narendra Kalaseba
Winisuda ing gegana
Datan gingsir sewu warsa

Hum



Credits
Writer(s): Andi Zate
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link