Sarip Tambak Oso (feat. Rena)

Nang endi anakku mau kok ra balik-balik?

(Heh, Mbokne Sarip) loh!
(Goleki ngalor-ngidul, ngetan-ngulon)
(Nang endi anakmu?)
Sik urung balik lho, Mas (bayaren utange anakmu)

Enek apa, Mas? (Bayaren hutange anakmu)
Ora eneng dhuwek, Mas (gak isa!)
Lha terus? (Tak pateni koen saiki koen) aja, Mas
(Lho, lho, lho) aja, Mas, Mas

Heh, heh, heh, heh, heh, sapa koen?
Macem-macem ambek makku, heh (lho, lho, lho)
Heh, tak pateni koen, heh, hayo, hayo
Hayo, tak pateni koen, hayo (tulung, tulung)

Iki crita tinggalane jaman kuna
Nalikane wong Jawa dijajah Landa
Ana jagoan mbela rakyat, mbela bangsa
Jenenge Sarip ing Desa Tambak Oso

Lurah Nggedhangan kok dadi Landa blangkonan?
Ngantek Londo, tindake sakwenang-wenang
Nagih pajak, Mboke Sarip digepuki
Sarip ra trima, lurah Nggedhangan dipateni

Etan-etan kali, jagoane Paidi (anakku teka, Rek)
Kusir dokar, buruhe Abah Haji
Kulon-kulon kali, Sarip jagoan sekti
Musuh bebuyutan, Paidi disunduk blathi

Yen Sarip, gaweane pancen maling
Ning hasile diwenehke fakir miskin (pinter Sarip)
Aja ditiru, iki sandiwara kuna
Ceritane ludruk, ya Sarip Tambak Oso

Sampeyan gak papa kan, Mak? (Aku ra diapa-apane)
Jarna tak patenane lurah iku ya
(Lha ya, kok wani-wanine lho)
Ho, kok kurang-kurang ajare nganu sampeyan iki
(Lha kowe mau nang endi ae ta, Le?)

Jarna, mari dolan aku, Mak (terus?)
Dolan, golek dhuwek kanggo fakir miskin aku, Mak
(Oh, الحمد لله) makane iku tak pateni iku pungli-pungli iku
(Sing ati-ati ning ndalan ya, Le) iya, Mak, iya, Mak, iya, Mak
(Aja jahat-jahat ning wong) iya, gampang, Mak, wis

Lurah Nggedhangan kok dadi Landa blangkonan?
Ngantek Londo, tindake sakwenang-wenang
Nagih pajak, Mboke Sarip digepuki
Sarip ora trima, lurah Nggedhangan dipateni

Etan-etan kali, jagoane Paidi (iya, Le)
Kusir dokar, buruhe Abah Haji
Kulon-kulon kali, Sarip jagoan sekti (iya, Le)
Musuh bebuyutan, Paidi disunduk blathi

Yen Sarip, gaweane pancen maling
Ning hasile diwenehke fakir miskin
Aja ditiru, iki sandiwara kuna
Ceritane ludruk, ya Sarip Tambak Oso

Tenang, Mak, sampeyan aja kuwatir (piye, Le?)
Aja kuwatir nek musuh Sarip iki, Mak, ya?
(Iya, terus kae mau nasibe piye?)
Ayo, melu aku, tak patenane lurahe iku (ning endi, Le?)
Tak pateni lurahe (ayo, ayo, ayo), tak patenane, tak pateni wis



Credits
Writer(s): Sumarji
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link