Ibu

Yen kelingan kanjeng Ibu
Nggrantes rasane atiku
Uripku tinepung sepi
Eluhku tumetes nelesi wengi

Pinareng sembah bektiku
Nadahi dungo pangestu
Sujud nyenyuwun mring Gusti
Mugi Ibu pinaringan margi mukti

Ibu, pasarehanmu tansah tak impi-impi
Ibu, katresnanmu tinatah neng ati

Ibu, amung Ibu sing tansah tak pundi
Ha-ah-ah, Ibu
Ha-ah-ah, Ibu

Pinareng sembah bektiku
Nadahi dungo pangestu
Sujud nyenyuwun mring Gusti
Mugi Ibu pinaringan margi mukti

Ibu, pasarehanmu tansah tak impi-impi
Ibu, katresnanmu tinatah neng ati

Ibu, amung Ibu sing tansah tak pundi
Ha-ah-ah, Ibu
Ha-ah-ah, Ibu



Credits
Writer(s): Didi Kempot
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link