Balungan Kere

Opo pancen wis nasibku
Kudu pisahan karo sliramu?
Jaremu arep nompo opo anane
Nanging nyatane tresnaku mbok sepeleke

Kudune kowe ngerteni
Kabeh mung titipane Gusti
Senadyan atiku wis bubrah
Kandeli nggone ibadah
Gusti sing paringi berkah

Mbiyen aku tau kelangan
Nganti saiki isih kelingan
Kowe sing tak anti-anti
Bebrayan tekaning pati
Jebule mblenjani janji

Kabeh iki mergo kahanan
Ben iso nyukupi kebutuhan
Aku kerjo isuk-sore
Nanging kowe sambat wae
Jaremu, "Balungan kere"

Opo pancen wis nasibku
Kudu pisahan karo sliramu?
Jaremu arep nompo opo anane
Nanging nyatane tresnaku mbok sepeleke

Kudune kowe ngerteni
Kabeh mung titipane Gusti
Senadyan atiku wis bubrah
Kandeli nggone ibadah
Gusti sing paringi berkah

Senadyan balungan kere
Ora kendo nyambut gawe
Senadyan dalan ra alus
Sing penting wani terus

Opo pancen wis nasibku
Kudu pisahan karo sliramu?
Jaremu arep nompo opo anane
Nanging nyatane tresnaku mbok sepeleke

Kudune kowe ngerteni
Kabeh mung titipane Gusti
Senadyan atiku wis bubrah
Kandeli nggone ibadah
Gusti sing paringi berkah

Senadyan atiku wis bubrah
Kandeli nggone ibadah
Gusti sing paringi berkah



Credits
Writer(s): Helarius Daru & Hendra Kumbara
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link