Raiso Dadi Siji

Aku tresno ro kowe, tresno sing sak tenane
Kabeh wis tak kek'ke ro kowe atine
Najan aku wis nduwe bojo sing sak tenane
Nanging aku tresnone, yo mung ro kowe

Roso ati ra tenang mikirke selingkuhan
Tansah tak awang-awang, mabur koyo layangan
Padahal bojo ning omah, mikirke dadi susah
Opo sing kudu dilakoni? Aku bingung sendiri

Pancen tak akoni tresnoku setengah mati
Tapi aku ra wani ngingkari janji suci
Mungkin kowe udu jodoku, tapi aku sayang padamu
Jujur seko jero atiku

Sayang, aku ikhlas trimo dadi sing keloro
Nadyan abot roso tresno sing tak songgo

Sabar sak untoro, Sayang, aku yo wis berjuang
Ndadekke ngimpi tenanan
Mugo kabeh iso lancar, buang kabeh kenangan
Ikhlas lan sabar, Sayang

Ah, cincin wis ngelingker ning jari manisku
Janji yo wis tak ucap ning ngarep penghulu
Saiki uwis telat arep ngomongke cidro
Aku mong ameh ndungo, kowe iso bahagio

Senadyan statusku saiki ora dewe
Tapi ojo nganti leren tresnaku karo kowe
Mugo-mugo kabeh dikei dalan supoyo dadi padang
Anggone awak dewe lek gendak'an

Sayang, aku ikhlas trimo dadi sing keloro
Nadyan abot roso tresno sing tak songgo

Sabar sak untoro, Sayang, aku yo wis berjuang
Ndadekke ngimpi tenanan
Mugo kabeh iso lancar, buang kabeh kenangan
Ikhlas lan sabar, Sayang

Aku mung iso nerimo kowe gone wong liyo
Tresno raiso dipeksano
Aku tetep sayang kowe tekane sak lawase
Aku bahagia nyawang kowe

Tanganku wis ono cincin, janji setyo lan suci
Aku raiso nepati
Kowe pancen tak tresnani, mbiyen tekan saiki
Tapi raiso dadi siji

Tapi raiso dadi siji



Credits
Writer(s): Gendut Gilaz
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link