Aku wong sugih

Awan-bengi podo mikir rejeki sing ra tau pasti
Amergo mung kakean gengsi
Sitik-sitik mung obral janji

Ngalor-ngidul mung golek inspirasi ning susahe ati
Kadang-kadang sampek kegowo ngimpi
Sampek ra iso tangi
Nanging hasile ra mbejaji

Ora ngerti awan, ora ngerti wayah bengi
Nganti weteng luwe, lali ra diiseni
Mergo pengen urip sak mestine
Tirakate ora keri, turune yo ora mesti
Solat wengi dilakoni mergo pingin njaluk
Ijabahe marang Gustine

Saiki aku dadi wong sugih
Mung nglampahi opo dalane Gusti
Saiki aku dadi wong mukti
Ora sombong, amung titipane Gusti

Dadi wong sugih, urip wes soyo kepenak
Tapi kadang mben bengi turu ra biso jenak
Kadang sirah mumet mung mikirne bondo ndunyo
Rejeki kabeh sing maringi ditanggung Kuoso

Awan-bengi podo mikir rejeki sing ra tau pasti
Amergo mung kakean gengsi
Sitik-sitik mung obral janji

Ngalor-ngidul mung golek inspirasi ning susahe ati
Kadang-kadang sampek kegowo ngimpi
Sampek ra iso tangi
Nanging hasile ra mbejaji

Ora ngerti awan, ora ngerti wayah bengi
Nganti weteng luwe, lali ra diiseni
Mergo pengen urip sak mestine
Tirakate ora keri, turune yo ora mesti
Solat wengi dilakoni mergo pingin njaluk
Ijabahe marang Gustine

Saiki aku dadi wong sugih
Mung nglampahi opo dalane Gusti
Saiki aku dadi wong mukti
Ora sombong, amung titipane Gusti

Saiki aku dadi wong sugih
Mung nglampahi opo dalane Gusti
Saiki aku dadi wong mukti
Ora sombong, amung titipane Gusti



Credits
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link