Wiso Tresno

Kembang mawar mekar katone abang
Kowe biyen nate kondo, Sayang
Kembang melati mekar amung sawiji
Kowe kondo tresnamu tulusing ati

Ra ono warto rendheng tekaning ketigo
Kembang asmaramu amung nyikso batinku
Ra nyono, ora ngiro, kowe ninggal wiso
Wisoning tresnamu gawe gempung atiku
Ra nyono

Yen kowe ninggalake, kok tinggalake
Atiku nelongso
Neng kono kowe karo sopo?
Nggolek'i sing kepriye?
Wong nyatane tresnaku tekan seprene

Yen kowe ninggalake, kok tinggalake
Atiku nelongso
Neng kono kowe karo sopo?
Nggolek'i sing kepriye?
Wong nyatane tresnaku tekan seprene
Ra nyono

Wohing aren, kantil, kembang kenongo
Ora eling sumpahmu naliko semono
Tansah eling kowe ngucap prasetyo
Gawang-gawang esemu katoning moto

Ra ono warto rendheng tekaning ketigo
Kembang asmaramu amung nyikso batinku
Ra nyono, ora ngiro, kowe ninggal wiso
Wisoning tresnamu gawe gempung atiku
Ra nyono

Yen kowe ninggalake, kok tinggalake
Atiku nelongso
Neng kono kowe karo sopo?
Nggolek'i sing kepriye?
Wong nyatane tresnaku tekan seprene

Yen kowe ninggalake, kok tinggalake
Atiku nelongso
Neng kono kowe karo sopo?
Nggolek'i sing kepriye?
Wong nyatane tresnaku tekan seprene

Ra nyono, ra ngiro, ra nyono



Credits
Writer(s): Ki Sun Gondrong
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link