Grambyangan

Gemah ripah loh jinawi
Titi tata tentrem neng ati
Lemah subur rakyat makmur
Rupiah dhuwur ekonomi mumbul
Sinten mboten purun ngersakne
Urip penak sareng kancane
Ora iren ora gegeran
Nyawiji mbangun bebrayan
Kanthi tekun padha rukun
Ora kerah mundhak getun
Gethun keri tanpa aji
Aji mumpung bakal nyemplung

Cemplung kedung tanpa celana
Seneng tulung bakale mulya
Bluluk tibo Si Gareng ompong
Yen wis mulyo yo ojo sombong

Sugih tanpa bandha
Digdaya tanpa aji
Nglurug tanpa bala
Menang tanpa ngasorake
Sinten remen monggo mirengke
Menawi mboten sumpel kupinge
Laku sareh ana watese
Tumindhak becik akeh amale
Amal sholeh ati semeleh
Ojo dumeh kudu sumeh
Andhap asor marang liyan
Welas asih sesarengan

Geti wijen legi rasane
Ojo iren yen apik kancane
Gunung Lawu uwit cemara
Pengen maju ojo sembrono

Jajan sate neng Ponorogo
Ojo ngece yen konco ciloko
Sukoharjo nglewati Nguter
Yen koe tresno yo rasah minder
Tuku Srabi neng Notosuman
Kadung janji jo gawe kegelan
Menika tembang saking kawula
Namung Nggrambyang sumonggo kerso



Credits
Writer(s): Rou Romano
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link