Opo Iseh Ono ?

Apa isih ana wong sing purun nampa
Aku sing ra sepira, sing ra sugih bandha?
Nduweku mung setya lan wani rekasa
Kanggo mbahagiakna uwong sing tak tresna

Urip ning donya kabeh dilairke uda
Nanging, nasibe menungsa
Kuwi pancen beda-beda
Aku wis ngupaya, sayah kerja ra tak rasa
Durung nemokne mulya
Ja meneh nemokne tresna

Apa isih ana wong sing purun nampa
Aku sing ra sepira, sing ra sugih bandha?
Nduweku mung setya lan wani rekasa
Kanggo mbahagiakna uwong sing tak tresna

Umpama sih ana wong sing purun nampa
Aku apa anane, bakal tak perjuangke
Sakkuwat tenaga, sakkuwate raga
Senajan ta nyawa, nggo wong sing tak tresna

Dalan uripku ora kaya idamanmu
Pengin apa karek tuku
Yen aku pasa seminggu
Aku ora gela senajan uripku rekasa
Tak kandeli ndonga
Manut dhawuh Sing Kuwasa

Apa isih ana wong sing purun nampa
Aku sing ra sepira, sing ra sugih bandha?
Nduweku mung setya lan wani rekasa
Kanggo mbahagiakna uwong sing tak tresna

Umpama sih ana wong sing purun nampa
Aku apa anane, bakal tak perjuangke
Sakkuwat tenaga, sakkuwate raga
Senajan ta nyawa, nggo wong sing tak tresna

Dalan uripku ora kaya idamanmu



Credits
Writer(s): Baskoro Surya Raspudi
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link