Loro Ati

Mas, mbiyen kelopo sing tak tandur
Wis tukul godhonge wis dadi janur
Janur sing semampir ono ning ngarep omahmu
Nanging nyatane, le nyanding kowe dudu awakku mas

Wis dik, lilakno kangmas
Kangmas ngerti roso tresno
Nanging arep piye meneh
Kabeh iki wis dalane
Kangmas lungo dik, (ojo mas...)
Kangmas lungo dik, (ojo...)

Cidro mergo sliramu
Jarene tresno aku
Nanging kowe ninggalke aku
Kabeh janjimu mung palsu

Opo ora eling mbiyen kowe karo aku
Mlaku gandengan penuh cinta dan kemesraan
Nanging saiki kowe tego mblenjani janji
Lorone ati iki ra bakal tak baleni

Cidro mergo sliramu
Jarene tresno aku
Nanging kowe ninggalke aku
Kabeh janjimu mung palsu

Kowe pancen tego medot talining asmoro
Lorone ati nganti ora biso ditambani
Tresnaku iki ora bakal direstoni
Ro wong tuwomu nganti tekan aku mati

Cidro mergo sliramu
Jarene tresno aku
Nanging kowe ninggalke aku
Kabeh janjimu mung palsu

Pangapurane dik aku wis ninggal kowe
Dudu karepku, ki mung manut bapak ibu
Kabeh mau gawe cidro ning atimu
Mergane aku dijodokke wong tuwoku

Cidro mergo sliramu
Jarene tresno aku
Nanging kowe ninggalke aku
Kabeh janjimu mung palsu



Credits
Writer(s): Yonanda Frisna Damara
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link