Joko Tingkir

Pak Glowoh (ihik-ihik)
(Piye iki? Sida penak apa isin?) enakne, enakne, enakne
(Aku Joko Tingkire, Mbak Dara) Joko Kenthir
(TA Pro Music, asyik)
Rungokna, Pak Glowoh, ya

Joko Tingkir ngombe dhawet
Ja dipikir marai mumet
Ngopek jamur nggone Mbah Wage
Pantang mundur, terus nyambut gawe
Pantang mundur, terus nyambut gawe (nyambut gawe)

Isuk-isuk masake pare
Jangan pare, pait rasane
Tukang Kendhang akeh bojone
Tapi bingung mikir bulanane
Tapi bingung mikir bulanane (abot, yo!)

Joko Tingkir ngombe degan
Ja dipikir marai edan
Ngombe degan nganggo sedotan
Daripada edan mendhing dangdutan
Daripada edan mendhing dangdutan (tak tung, tak ndut)

Godhong kenikir, godhong kara
Ja dipikir marai gela
Teka Jogja maring Surabaya
Ngincer jaka malah oleh dhudha
Ngincer jaka malah oleh dhudha (apes, apes)

Piye ta ki?
(Aku ya mung aja nguwasne, pikiren, Mase)
(Diitik-itik) TA Pro
(Ihik-ihik) eh-eh, e-ah, eh-eh, e-ah
(Ayo, Dhik)

(Puenak iki, Pak Owoh)
(Asyik na lek iki, puenak pol, lho, iya na)
(Joko Tingkir musike kaya ngene ki lho, asyik)
(Lha ya, awet nom Joko Tingkir, iya)
(Ngombe gak wareg-wareg iki)
(Dara Ayu lho iki)

Ning Kalimantan tuku donat (adohe toh, Dhik?)
Urip kuwi ja kakehan sambat (jare sapa? Joss!)
Angkat tangan nek uwis ra kuat
Bareng-bareng sirahe njepat
Bareng-bareng sirahe njepat (sakna-sakna, Dhik, Dhik)

Ning Purwokerto tuku ketan
Ayo, kabeh bareng jogetan (hok a, hok e, joss!)
Penyanyine ayu tenan
Aja lali sebar saweran (sing akeh lho, lek nyawer)
Aja lali sebar saweran (endi olehmu? Njaluk)

Tukang Suling akeh tanggapane
Kadhang lali anak-bojone
Mbendinane okeh dhuwite
Tapi dientekke pacare
Tapi dientekke pacare (kurang ajar, Dhik)

Joko Tingkir ngombe dhawet
Lanangan kuwi omongane ruwet (lo-lo-lo-lo, joss!)
Menyang Padang tuku gombal
Wis gak gantheng, ra tau modal
Wis gak gantheng, ra tau modal (disapa lho, Dhik)

Ning Banyuwangi tuku trasi
Nganggo dasi, numpake Mercy
Ngopek gedhang ning pinggir dalan
Kakehan guaya, modal utangan
Kakehan gaya, modal utangan

(Pak Bambang tuku gedhang)
(Pak Bambang, Pak Bambang)



Credits
Writer(s): Tama Halu
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link