Life Poem (feat. Lova Romano)

Senadyan uripmu rekoso
Tep mbok lakoni
Tetep mbok upayani
Senadyan rasane nelongso
Tep mbok syukuri
Kabeh mau merga Gusti

Gusti ingkang linangkung
Gusti ingkang maha agung
Ingkang nggadahi swarga lan ndonya
Ingkang rumeksa ing jagad raya
Menika abdi nggih namung janma
Ingkang lumampah sajroning titah
Nggih kadang luput kadangkolo salah
Nyuwun ngapunten nggih lepate kawula

Senadyan uripmu rekoso
Tep mbok lakoni
Tetep mbok upayani
Senadyan rasane nelongso
Tep mbok syukuri
Kabeh mau merga Gusti

Kita menika janma gesang tumuju pati
Sampun ginaris tinulis dening Gusti
Mboten lali ngupaya lan ndedonga
Mboten kesupen ngamal andum rejeki
Mergi seda bandha ora digowo mati
Mergi urip niku sekedhap banjur bali
Bali kondur wonten ing ngarsaning gusti
Maha suci ingkang murbeng dumadi

Senadyan uripmu rekoso
Tep mbok lakoni
Tetep mbok upayani
Senadyan rasane nelongso
Tep mbok syukuri
Kabeh mau merga Gusti



Credits
Writer(s): Rahema Romano
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link