Kuncung

Cilikanku rambutku, dicukur kuncung
Katokku soko karung gandum
Klambiku warisane mbah kakung
Sarapanku sambel korek sego jagung

Kosokan watu ning kali, nyemplung ning kedhung
Jaman ndisik durung usum sabun
Andukku mung cukup, anduk sarung
Dolananku montor cilik soko lempung

Bis holobis kuntul baris
Rekasane saiki wis
Bis holobis kuntul baris
Gek gegere gek mbok ndang uwis

Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder
Aku dikudang sok yen gedhe dadi dokter
Tanggal limolas padhang njingglang mbulane bunder
Bareng wis gedhe aku disuntik pak dokter

Ho no co ro ko, do to so wo lo
Iki cerito, jaman semono
Po do jo yo nyo, monggo bo to ngo
Iki cerito, soko wong tuwo

Kosokan watu ning kali, nyemplung ning kedhung
Jaman ndisik durung usum sabun
Andukku mung cukup, anduk sarung
Dolananku montor cilik soko lempung
Bis holobis kuntul baris
Rekasane saiki wis
Bis holobis kuntul baris
Gek gegere gek mbok ndang uwis

Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder
Aku dikudang sok yen gedhe dadi dokter
Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder
Bareng wis gedhe aku disuntik pak dokter

Ho no co ro ko, do to so wo lo
Iki cerito, jaman semono
Po do jo yo nyo, monggo bo to ngo
Iki cerito, soko wong tuwo



Credits
Writer(s): Didik Prasetyo
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link