Janjiku Janjimu

Sewu lintang kumelip ing awang-awang
Sajak melu nyekseni brantaning ati
Pengin ketemu ndika sing tak tunggu
Rina-wengi tansah angreridhu

Wis setahun kaya ngenteni tetesing embun
Ati sengsem kinupeng rasa kangen
Abot nyangga tresna sing ning njero dhadha
Kabeh mau kanggo sliramu

Reroncen lagu, swara tangising kalbu
Tangis bungah rinengkuh tanganmu

Andum katresnan, tresna kang sejati
Tumeka janjimu-janjiku
Lintang anyekseni tresna wis nyawiji
Pungkasan janjimu-janjiku

Sewu lintang kumelip ing awang-awang
Sajak melu nyekseni brantaning ati
Pengin ketemu ndika sing tak tunggu
Rina-wengi tansah angreridhu

Wis setahun kaya ngenteni tetesing embun
Ati sengsem kinupeng rasa kangen
Abot nyangga tresna sing ning njero dhadha
Kabeh mau kanggo sliramu

Reroncen lagu, swara tangising kalbu
Tangis bungah rinengkuh tanganmu

Andum katresnan, tresna kang sejati
Tumeka janjimu-janjiku
Lintang anyekseni tresna wis nyawiji
Pungkasan janjimu-janjiku



Credits
Writer(s): Sri Utaminingsih, Budi Santoso
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link