Tresno Suci

Mas tresno iki ora ono sing biso nganteni
Masio kowe gawe loro ati iki
Aku isih tetep tresno mas
Aku ora biso nglalekke sliramu
Soko atiku sing tak jaluk amung sadarmu
Elingo karo anak bojomu iki mas

Ning opo kowe tego ninggalake aku
Wes ora eling karo janji setyomu
Sing kok ucapake ning ngarep penghulu
Nalikane kowe ngerabi awakku iki

Opo kowe ra iling naliko jaman semono
Kowe janji setio marang aku
Nganti mbesuk tumeko ing pati
Tapi opo saiki banjur kowe ngelali

Opo ora iling maneh karo anak bojomu
Sing saben dino ngenteni tekamu
Sing tak jaluk yo mung sadarmu
Balio marang aku ilingo karo anak bojomu

Tresno iki tak jogo mung kanggo sliramu
Nganti kapan wae kowe tetep tak tunggu
Sing tak jaluk mung siji eling lan sadarmu
Mugo wae kowe iling marang janji setyomu

Ning opo kowe tego ninggalake aku
Wes ora eling karo janji setyomu
Sing kok ucapake ning ngarep penghulu
Nalikane kowe ngerabi awakku iki

Tresno suci iki tetep tak jogo
Nganti saiki masio kowe sering ngeloro ati
Wes pirang-pirang sasi kabarmu tak enteni
Saben bengi aku yo mung ngelus dodo iki
Kadung anakmu takon kapan bapakku bali
Ngertenono neng njero batin iki keloro-loro
Neng opo kowe tego mentolo
Ninggalke aku lungo karo wanito liyo

Tresno iki tak jogo mung kanggo sliramu
Nganti kapan wae kowe tetep tak tunggu
Sing tak jaluk mung siji eling lan sadarmu
Mugo wae kowe eling marang janji setiomu



Credits
Writer(s): Dwi Subagio
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link