Aku bojomu

Aja kok lalekke, aku bojomu.
Sing wis suwe urip karo sliramu
Nganti tekaning tuwa, aja mbok gawe gela
Sing tak jaluk, aja nganti cidra

Banyu sumur sing bening, gedhe sumbere
Paribasan timbane ana ning kene
Uwong sing eling mesthi gedhe tresnane
Aja nganti lali anak lan bojone

Wis selawe taun nggonku urip karo kowe.
Tansah setya seprana nganti seprene
Urip tentrem ayem, momong anak putune
Matur nuwun, bojoku ya kowe dhewe

Lagu iki tak aturake kanggo sedulurku kabeh sing ana ing Suriname
Utawa sedulur-sedulurku sing ana ing Negara Holland
Sing lagi mengeti dina ulang taun kawinan nalika dhek semana
Matur suwun, salam saka aku, Didi Kempot

Aja kok lalekke, aku bojomu
Sing wis suwe urip karo sliramu
Nganti tekaning tuwa, aja mbok gawe gela
Sing tak jaluk, aja nganti cidra

Banyu sumur sing bening, gedhe sumbere
Paribasan timbane ana ning kene
Uwong sing eling mesthi gedhe tresnane
Aja nganti lali anak lan bojone

Wis selawe taun nggonku urip karo kowe
Tansah setya seprana nganti seprene
Urip tentrem ayem, momong anak lan putune
Matur nuwun, bojoku ya kowe dhewe

Matur nuwun, bojoku ya kowe dhewe



Credits
Writer(s): Didi Kempot
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link