Judge Me

sopo nganggo mestine gawe
sopo sing arep kok dadine kate
koe iku koen dadi arane
arane uwong iku arek kene
jawa timur neng pinggire pulo jowo
nyebrang laut tekane pulo Madura
daerah industri kui Gerbang Kertasusila
pancer tengahe ono ing Surabaya
Tapal Kuda istilah kanggo daerah wetan
mlipir pantai tekane kutho Pacitan
Majapahit kerajaan gede ing nuswantoro
kari bekase ono ing Mojokerto
Tanjung Perak iku jeneng pelabuhane
pancen penak yen dolan karo pacare
apel Malang enak rasane
apel perawan ojo sue-sue

Suar Suir panganan khas etan kono
Pasir Putih neng arahe Situbondo
Bondowoso enak tapene
karo konco sing rukun ae

Reog e Ponorogo
Warok e Suromenggolo
Karapan sapi Madura
Tradisnie rakyat pesta
alase Alas Purwo
mentok tekan Watu Ulo
Ketapang Banyuwangi
numpak ferry tekan Bali

Gunung Bromo lewat kutho Probolinggo
numpak jaran mesti tekan ndukur kono
Tulungagung kulak Marmer
ngombe tuak turune ngleker

jawa timur neng pinggire pulo Jawa
nyebrang laut tekane pulo Madura
daerah industri kui Gerbang Kertasusila
pancer tengahe ono ing Surabaya
kutho Gresik ono pabrike sing gede
gede tenan ora iso dibayangke
Semongko Bajul Bojonegoro
bacut ucul yo diikhlasno
Pasuruan dolan neng Taman Safari
nonton macan, singo, neng sing ati-ati
bengkel Sepur neng Madiun
ojo mundur mengko mundak getun
Lewat Blitar ziarah makam Bung Karno
neng Kediri ngekingake Joyoboyo
mampir disik golek tahu
bolak-balik sirahku ngelu
Jombang iku kuthone Kyai lan Santri
menyang kono nonton Ludruk ojo lali
munggah Batu trus neng Malang
mlaku-mlaku golek kembang-kembang
bali mampir neng Jember wis kelakon muter-muter
muter Jawa kalangan lewat kuthone Lumajang
babat Tuban Lamongan
momong konco angel tenan
Sidoarjo nasibe dadi rejo mengko tembe
Tebu Ireng, Langitan, Asem Bagus, Tegalsari
Gontor, Tremas Pacitan pertapane para santri
candine Panataran bekase sih edi peni
Telaga ne Sarangan Magetan trus Maospati
holopis kuntul baris
tekan Ngawi kentekan bis
holopis kuntul baris
adem tenan tur meh gerimis
holopis kuntul baris
enake trus nahu petis



Credits
Writer(s): Gk
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link