Lamis

Sapa wonge ora kuciwa
Cinidra marang janji
Tanpa guna sumpah prasetya
Bumi langit nyekseni

Manis-manis ngendikamu
Nanging uga lamis atimu
Nora ngira tega sliramu
Ninggal janji lan prasetya

Nora kena tak belani
Apa meneh nggondheli
Becik andum basuki
Baya tumeka wanci
Mung kariya rahayu

Pungkasane mung welingku
Ing sakmangke aja nganti
Gawe cuwaning ati
Gawe gelaning ati
Tumrap priya liyane

Nora kena tak belani
Apa meneh nggondheli
Becik andum basuki
Baya tumeka wanci
Mung kariya rahayu

Pungkasane mung welingku
Ing sakmangke aja nganti
Gawe cuwaning ati
Gawe gelaning ati
Tumrap priya liyane



Credits
Writer(s): Manthous
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link