Kangen

Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu, wong bagus, kang dadi ati
Rina wengi mung tansah tak impi-impi
Jroning ati, kangenku setengah mati

Jenang gula, ya Mas ya, mbok aja lali
Ngelingana rikala jaman semana
Sliramu janji, aku setya ngenteni
Lahir batin tresnaku terus ing ati

Kangen
Wong kangen ngene rasane
Rindu-rindu, wong bagus
Kowe tak tunggu

Kangen
Wong kangen apa tambane?
Rindu-rindu tambane
Kudu ketemu

Klapa mudha enake kanggo rujakan
Leganana aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur, wong bagus, tak anti-anti
Ngusadani wong kangen ndang antuk jampi

Jenang gula, ya Mas ya, mbok aja lali
Ngelingana rikala jaman semana
Sliramu janji, aku setya ngenteni
Lahir batin tresnaku terus ing ati

Kangen
Wong kangen ngene rasane
Rindu-rindu, wong bagus
Kowe tak tunggu

Kangen
Wong kangen apa-apa tambane?
Rindu-rindu tambane
Kudu ketemu

Klapa mudha enake kanggo rujakan
Leganana aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur, wong bagus, tak anti-anti
Ngusadani wong kangen ndang antuk jampi



Credits
Writer(s): Manthous
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link