Mawar Biru

Tumetesing waspaku
Ora tego rasa ning atiku
Ninggalake sliramu priyo idamanku

Tansah katon esemmu
Ngawe-awe rasa ning atiku
Ngelingake naliko bareng mlaku-mlaku

Ora nyono, ora ngiro
Yen ngene dadine
Aku kudu melu ndherekake romo lan ibuku
Mulih neng ndesaku

Wekasane welingku
Aku titip kembang mawar biru
Openono
Minongko tondho katresnanku

Ora nyono, ora ngiro
Yen ngene dadine
Aku kudu melu ndherekake romo lan ibuku
Mulih neng ndesaku

Wekasan mung welingku
Aku titip kembang mawar biru
Openono
Minongko tondho katresnanku



Credits
Writer(s): Harsono, Margono
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link