Pripun

Janjine pripun, kok ngantos setaun
Kirang langkungipun
Kulo sesuwun ndiko eling
Mring sedayanipun

Kabare pripun, serat mboten ngintun
Sanak kadhang ndusun
Sedoyo nggih rukun
Wancine matun poro tani utun

Mbenjang nopo leh wangsul
Ampun ngantos disusul
Makne si ponang gundul

Ulate pun njegadul
Pikire modal-madul
Kono mung kendangan dengkul

Nilarke dusun, kersane kepripun
Soyo tangeh lamun
Lha mbok nggih sampun
Wonten ndusun gesang sak wontenipun

Ulate pun njegadul
Pikire modal-madul
Kono mung kendangan dengkul

Nilarke dusun, kersane kepripun
Soyo tangeh lamun
Lha mbok nggih sampun
Wonten dusun gesang sak wontenipun



Credits
Writer(s): Manthous
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link