Kangen

Pitung sasi lawase nggonku ngenteni
Mung sliramu, wong bagus, kang dadi ati
Rino wengi mung tansah tak imipi-impi
Jroning ati kangenku setengah mati

Jenang gula, yo mas yo, mbok ojo lali
Ngelingono rikolo jaman semono
Sliramu janji aku setyo ngenteni
Lair batin tresnaku terusing ati

Kangen
Wong kangen ngene rasane
Rindu-rindu
Wong bagus, kowe tak tunggu

Kangen
Wong kangen opo tambane?
Rindu-rindu
Tambane kudu ketemu

Klopo mudho enake kanggo rujakan
Leganono aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur, wong bagus, tak anti-anti
Wusadane wong kangen ndang antuk jampi

Jenang gula, yo mas yo, mbok ojo lali
Ngelingono rikolo jaman semono
Sliramu janji aku setyo ngenteni
Lair batin tresnaku terusing ati

Kangen
Wong kangen ngene rasane
Rindu-rindu
Wong bagus, kowe tak tunggu

Kangen
Wong kangen opo, opo tambane?
Rindu-rindu
Tambane kudu ketemu

Klopo mudho enake kanggo rujakan
Leganono aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur, wong bagus, tak anti-anti
Wusadane wong kangen ndang antuk jampi



Credits
Writer(s): Manthous
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link