Anting-Anting

Ting-anting mbang cempoko
Tondo moto soko seliramu
Ting-anting tondo tresno
Lahir batin sineksen lintange luku

Ling-eling dhek semono
Rembulane ketutupan mego
Gawe gegese ati
Nganti-anti tekane si jantung hati

Anting-anting dik, kembang cempoko
Wohing aren mbok yo eling dhek semono
Emprit gantil menclok ning witing pari
Tansah kumanthil ono jeroning ati

Ali-ali dik, kembang kuningan
Dilali-lali malah soyo kelingan
Manuk gemah menclok ning witing sawo
Bareng penak yo mas yo, jo ngono ojo ngono

Ting-anting mbang cempoko
Tondo moto ugo tondo tresno
Ling-eling dhek semono
Yen ra nyandhing rasane ning ati gelo

Anting-anting dik, kembang cempoko
Wohing aren mbok yo eling dhek semono
Emprit gantil menclok ning witing pari
Tansah kumanthil ono njeroning ati

Ali-ali dik, kembang-kembang kuningan
Dilali-lali malah soyo kelingan
Manuk gemah, ala-yo dik yo, menclok ning witing sawo, ala-wo
Bareng penak yo mas yo, jo ngono ojo ngono



Credits
Writer(s): Manthous
Lyrics powered by www.musixmatch.com

Link